Arane Pegawean
Algojo :
Tukang midana pati
Ajudan :
sing ngawal presidhen utawa pejabat
Apoteker :
ahli ngracik obat ing apotik
Arsitek :
ahli ngerancang bangunan
Babu :
rewange bale somah
Bajag :
rampok/ begal/ durjana ing segara
Bakul :
gaweyane dodolan barang
Batur :
gaweane ngrewangi wong
Begal :
penggaweane ngrebut barange wong liya
Blandhong :
tukang nebang kayu
Blantik :
bakul kewan rajakaya
Buruh :
nyambut gawe golet upah
Cantrik :
abdi ngiras muride pandhita
Carik :
wakil lurah
Dhalang :
tukang nyeritakake wayang
Dhokter :
gaweyane nambani wong lara
Emban :
tukang momong ing keraton
Empu :
tukang gawe gaman
Gamel :
utusane ratu
Gandhek :
utusane ratu
Gemblak :
tukang gawe barang sekang luningan
Gerji :
tukang njahit klambi
Germa :
tukang mbeburu kewan ing alas
Jagal :
tukang mbeleh rajakaya
Jlaga :
tukang natah watu
Juragan :
saudagar
Juru kunci :
tukang jaga/ ngrawat pesarean
Juru tambang :
tukang nglakokake prsu cilik
Juru sungging :
tukang nggambar
Kundhi :
tukang nggawe barang saka emas
Kusir :
tukang nglakokake dhokar
Kyai :
ahli babagan islam
Makelar :
tukang nglantarake dol tinuku
Malang :
wong sing dadi polisi desa
Mandhor :
wong sing dadi pangarepe kuli
Juru dhang :
tukang adang
Komentar
Posting Komentar